Sintren Sintren inggih menika salah satunggaling kesenian tradhisional Jawi. Sintren menika tembungipun saking tembung “Si” lan “tren”. Si inggih menika tegesipun “dheweke” utawi “Si”, kaliyan tren ingkang tegesipun “Tri” utawi saking tembung “putri”. Dados sintren tegesipun “Si Putri” ingkang dados lakon wonten ing kesenian menika. Sintren ugi sebatan kanggelakon wonten ing salah satunggaling kasenian. Ananging samenika dados sebatan kangge kesenian tari menika. Sintren saking tembung sintru ingkang tegesipun angker, medeni ngginakaken ilmu ghaib nanging tetep ndamel kesemsem. Sintren iku seni tradhisional kang ana ing pesisir Jawa Tengah lan Jawa Kulon. Asline, sing dadi penarine wong wadon kang isih suci, nanging ana kalane diperanke dening sawijining priya kang nganggo busana wanita. Sintren iki ana ing satengahing tontonan, para pemaine padha kesurupan. Banjur, salah sijine paraga mau ditindhih lesung lan dileboake ing ...