SINTREN "BAHASA JAWA"
Sintren
![http://cakrawalaindah2.files.wordpress.com/2010/12/hp042887.jpg](file:///C:\DOCUME~1\NADCOR~1\LOCALS~1\Temp\msohtmlclip1\01\clip_image002.jpg)
Sintren inggih menika salah satunggaling kesenian tradhisional Jawi.
Sintren menika tembungipun saking tembung “Si” lan “tren”. Si inggih menika
tegesipun “dheweke” utawi “Si”, kaliyan tren ingkang tegesipun “Tri” utawi
saking tembung “putri”. Dados sintren tegesipun “Si Putri” ingkang dados lakon
wonten ing kesenian menika. Sintren ugi sebatan kanggelakon wonten ing salah
satunggaling kasenian. Ananging samenika dados sebatan kangge kesenian tari
menika. Sintren saking tembung sintru ingkang tegesipun angker, medeni
ngginakaken ilmu ghaib nanging tetep ndamel kesemsem. Sintren iku seni tradhisional
kang ana ing pesisir Jawa Tengah lan Jawa Kulon. Asline, sing dadi penarine
wong wadon kang isih suci, nanging ana kalane diperanke dening sawijining priya
kang nganggo busana wanita. Sintren iki ana ing satengahing tontonan, para pemaine padha
kesurupan. Banjur, salah sijine paraga mau ditindhih lesung lan dileboake
ing kurungan. Ing njero kurungan iku, wong mau dandan kayadene wanita lan
njoget kayadene sing liyane. Ing sawetara kedadeyan, paraga mau nglakokake thole-thole,
yaiku sing nari nggawa tampah lan mubeng ing kalangan
njaluk sumbangan karo sing mirsani.
Sintren
menika kesenian tradisional masyarakat Pekalongan lan sekitare, yaiku
sawijining tarian ingkang nggadahi unsur mistis. Ana crita rakyat kang dadi landhesane sintren iki yaiku carita
asmara antawisipun Sulasih dan Raden Sulandono. Raden Sulandono menika putra Ki
Bahurekso lan Dewi Rantamsari.
Raden Sulandono nggadahi asmara marang Sulasih,
putri saking Desa Kalisalak, ananging kekalihipun mboten angsal restu saking Ki
Bahurekso. Raden Sulandono ora trima, dheweke
lunga semedhi lan Sulasih dadi penari. Nanging, kekalihipun taksih ketemu ing alam ghaib.
Pepanggihan menika diatur dening Dewi Rantamsari ingkang nglebokake roh widodari ing awake Sulasih. Sawise kuwi, Dewi Rantamsari ngundang Sulandana kang
lagi tapa mau supaya teka. Mula saka kuwi, ing pagelaran sintren ana pawang
kang nyoba nglebokkake roh widodari.
Ana 3
Prakara kang dilakoni dening Penari Sintren. Sepisan,
pawang nyekel tangan lorone calon penari sintren, banjur didelehake ing dhuwure
kemenyan kanthi angucap mantra, banjur calon penari sintren dataleni sakujur
awake. Kaping pindho yaiku calon penari
sintren dilebokake ing kurungan pitik. Busana sintren lan kelengkapan pacak uga melu dilebokake ana kurungan. Sawise wektune wis cukup, kurungan dibukak, lan penari
sintren wis bubar macak kanthi awak tinalen. Banjur sintren ditutupi kurungan
maneh. Kaping telu, sawise ana
tandha-tandha sintren wis dadi (biyasane kurungan obah dhewe) kurungan dibukak,
banjur taline sintren diuculi lan siap nari. Saliyane nari, sintren uga bisa akrobat ing dhuwure
kurungan.
Panggenan kangge Sintren inggih menika papan panggenan wonten ing njawi. Tegesipun mangke boten wonten wates antawisipun penari
kaliyan pamiarsa lan ugi ingkang nyengkuyung Sintren menika. Supados langkung
komunikatif nalika acara balangan kaliyan temohon, antawisipun pamiarsa kaliyan
Penari Sintren menika ketingal nyawiji wonten ing pertunjukan menika. Pamirsa
mangke dados ndherek nari sasampunipun aalangan.
Pertunjukan Sintren rumiyin dipunsuguhaken nalika sepi ing dalu wulan
purnama lan langkung utami nalika malem kliwon. Amargi Sintren menika
dipunpitados wonten gegayutanipun kaliyan roh alus ingkang njelma kaliyan
penari Sintren. Ananging samenika
pertunjukan sintren saged dipun adani kapan kemawon, saged siang menapa dalu
lan boten kedah nalika wulan purnama.
Comments
Post a Comment